Cari




Kang Sun : " Lik, saumpomo sampeyan ndwe pacar meneh kiro - kiro piye?Milih sing sugih, elek opo sing ayu,  mlarat? "
Lik Paijo  : " Yo nek aku milih sing mlarat ayu..."
Kang Sun : " Nek aku ora milih kabeh, Lik..."
Lik Paijo  : " We lha, gayamu thek kemaki men to, Kang..."
Kang Sun : " Lha wis piye njal, pikiren..Sugih eleh kuwi rak yo podho karo elek banget to? "
Lik Paijo  : " Iyoo..."
Kang Sun : " Lha nek mlarat ayu jenenge rak yo ora ayu babar pisan to, Lik iyo pora ?"
Lik Paijo  : " Ooo...iyo yo, bener kowe tibak'e, Kang!
Kang Sun : " Lha iyo thekk..."
Lik Paijo  : '' Okey..."
Kang Sun : " Okey...okey...apane sing okey, Lik?
Lik Paijo  : " Yo iki mau, lehe awak'e dewe jagongan dibari wae, genti makaryo wae golek upo "
Kang Sun : " Okey..."



Kang Sun : Lik, ngomong - ngomong sampeyan wis tau numpak montor mabur opo durung?
Lik Paijo  : Durung, yok Kang...gene to, ono opo?
Kang Sun : Ora ono opo - opo...mung takon thok kok!
Lik Paijo  : Aku ki yen numpak montor mabur wedi yok, Kang!
Kang Sun : Sing diwedeni ki njur apane to, Lik?
Lik Paijo  : Yo sing jelas, sing tak wedeni ki mung ongkose, Kang.
Kang Sun : Oalaaah...
Lik Paijo  : Lha karone kowe ki thek takon wis tau numpak montor mabur barang ki, opo yo wis tau?
Kang Sun : Yo durung, Lik...
Lik Paijo  : Lha gene, thek rung tau ki, yo wedi ongkose?
Kang Sun : He he, iyo, Lik...
Lik Paijo  : Ha ha,...tos nek ngono!!!