Cari

Cerita Humor Jawa ; Nduwe Ponak'an Jagoan

Kang Sun | 06.58.00 | 0 komentar




Kang Sun : Lik, ponak'anku ki jan jempolan tenan kok...
Lik Paijo  : Ponak'an sing ngendi kuwi, Kang?
Kang Sun : Ponak'anku yo lagi siji kae to, Lik sing tau tak upload ning pesbuk kae
Lik Paijo  : O kuwi to, jempolan piye karepmu?
Kang Sun : Padahal umure ki lagi 10 sasinan, tapi wis pinter ngomong lan iso nyanyi barang ki
Lik Paijo  : Mung ngono thok?ndadak mbok omongke, ora gumun,...
Kang Sun : We lha...ora kuwi thok yo, Lik ponak'anku kuwi yo wis wasis nek dikon itung - itung, nggambar barang yo endhakke puol...
Lik Paijo  : Ora kaget....
Kang Sun : We sudrun ig...lha emange ponak'anmu po yo iso koyok sing tak omongke mau to, Lik?
Lik Paijo   : Luwih soko iku malah
Kang Sun : Tenane, Lik...wah joss tenan nek ngono, jagoan
Lik Paijo  : Yo jelas to, Pak Dhe ne sing marai og
Kang Sun : Emange luwihe sing kepriye to,Lik?
Lik Paijo  : Bayangno, ponak'anku iku padahal umure lagi nem sasi...
Kang Sun : Lha terus?
Lik Paijo  : Lagi umur nem sasi tapi wis wani nibo ko amben, opo ra jagoan...?
Kang Sun : ??????!!!!!!!

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar