Cari

Cerita Humor Jawa ; Tikus Lan Basangan Tikus

Kang Sun | 08.44.00 | 0 komentar




Lik Paijo  : " Kang, saiki aku lagu nduwe pakaryan anyar..."
Kang Sun : " Apik nk ngono,,,opo kuwi, Lik? "
Lik Paijo  : " Kanggo samben, aku cubo nggawe basangan tikus, Kang "
Kang Sun : " Lha terus karepe sampeyan iku piye, arep dikapakno? "
Lik Paijo  : " Yo sithik - sithik tak tawakke karo tonggo teparo, Kang "
Kang Sun : " O ngono..."
Lik Paijo  : " Iyo, Kang...lha piye kowe tuku opo ora, Kang ? "
Kang Sun : " Ah ora sik, Lik..."
Lik Paijo  : " Lho, gene, Kang kok ora gelem? ":
Kang Sun : " Ngomahku ra ono tikuse kok, Lik "
Lik Paijo  : " O alah mung masalah ngono ae kok yo...gampang kuwi "
Kang Sun : " Lho piye to, Lik? malah bingung dewe aku "
Lik Paijo  : " Aku nggawe basangan tikus "
Kang Sun : " Iyo, terus...! "
Lik Paijo  : " Kowe rak yo ngerti dewe to yen basangan tikus kanggo basang tikus ? "
Kang Sun : " Lha yo terahne ncene ngono kok, Lik "
Lik Paijo  : " Basangan tikus gathuk'e berarti rak yo tikus to, Kang ? "
Kang Sun : " Bener kuwi, Lik "
Lik Paijo  : " Lha iyo mulane kuwi mau ..kowe tak kon tuku basangan tikus kok ora gelem mung mergo ora ono tikuse ! "
Kang Sun : " Lha yo jelas no, wong nk ngomahku ra ono tikuse.."
Lik Paijo  : " Lha nek mung masalah kuwi gampang, aku nduwe tikuse, nek  kowe yo karep tuku basangan tikuse thok ra popo, opo komplit sak tikuse malah yo apik, Kang "
Kang Sun "?????????? "

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar