Cari

Cerita Humor Jawa ; Gegeran Mergo Dhuwit Rp.500

Kang Sun | 18.03.00 | 0 komentar




Lik Paijo  : " Kang, kowe ngerti pora, ndhek wingi kluargane Pak Joyo do gegeran, pating jlerit "
Kang Sun : " Ndhak iyo to, Lik perkarane opo kok nganti do gegeran ? "
Lik Paijo  : " Mung sepele goro - gorone, Kang, mung mergo dhuwit limangatus "
Kang Sun : " Masya Allah, lha kok kebangeten temen, mung mergo dhuwit sak mono kok yo direwangi gegeran "
Lik Paijo  : " Nek dhuwite ncene sepele, Kang..."
Kang Sun : " Yo jelas sepele to, Lik wong yo kader dhuwit sak mono kuwi lho, cap - capane koyok ora ono ajine nek trimo limangatus kuwi "
Lik Paijo  : " Ora masalah ajine dhuwit, dudu kuwi "
Kang Sun : " Lho...piye to? "
Lik Paijo  : " Kowe ngerti ragile Pak Joyo, sing lagi umur 3 tahun kae, Kang?
Kang Sun : " Yanto maksude sampeyan, Lik ? "
Lik Paijo  : " Iyo, yo kuwi sing dadi masalah "
Kang Sun : " Opo hubungane karo Yanto kuwi mau, Lik, kok malah tambah ra mudheng aku? "
Lik Paijo  : " Yo dhuwit limangatus mau sing dikoloh - koloh anak'e ragil njur keleg mlebu weteng, terus dadi gegeran mau "
Kang Sun : " O alaahh..."


Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar