Cari

Cerita Humor Jawa ; Dhuwit Satus Ewu

Kang Sun | 20.31.00 | 4 komentar




Kang Sun : " Udan - udan ngeneki, udud sinambi nyruput wedang kopi jan gayeng tenan yo, Lik ? "
Lik Paijo  : " Iyo, Kang ora ono obate "
Kang Sun : " Ning nek mung trimo udud karo ngombe wedang kopi thok, yo dadi ora ono critane mengko, Lik "
Lik Paijo  : " Lha terus? "
Kang Sun : " Karo disambi opo yo mathuk'e ?"
Lik Paijo  : " Bedhek'an no piye, Kang ? "
Kang Sun : " Walahh..."
Lik Paijo  : " Lho,,kuwi yo ono manfaate lho, Kang, tinimbang ngomong ngalor ngidul ngrasani tanggane, malah entuk duso to, Kang "
Kang Sun : " Iyo nek iyone ki, Lik...yo wis setuju "
Lik Paijo   : " Lha saiki sopo sing arep mbedhek'i dhisik ? "
Kang Sun  : '' Sampeyan sik wae, Lik! "
Lik Paijo   : " Yo wis manut...hem opo yoo...ngene, dawane 15 cm, wernane abang, ono sirahe, opo hayo, njal bedhek'en ? "
Kang Sun : " Wah, yo kurang lengkap no, Lik, ora pati jelas kuwi ? "
Lik Paijo  : Sik, ono tambahane ki.. biasane wong wedok nek ngerti iki senenge ra karuan "
Kang Sun : '' Lho...lha kok saru ngono, Lik ? "
Lik Paijo  : " Yo kowe kuwi sing pikiranmu ngeres, mung ngono wae kok diarani saru "
Kang Sun : " Ketone yo saru iku "
Lik Paijo  : " Mulo ndang rabi, pikiranmu mben ora mikir ngeres wae, Kang! "
Kang Sun : " He he...opo yo, mosok ora saru ? "
Lik Paijo  : " kandhani kok "
Kang Sun : '' Hemm...opo yo, ah mboh lah, ora ngerti aku, Lik "
Lik Paijo   : " Jawabane sing bener yo kuwi Dhuwit Satus Ewu..."
Kang Sun  : " Oooooo...alaahhh.."

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

4 komentar:

  1. wah ada dua orang asli jawa lagi main tebak-tebakan. hehe. lumayanlah, bisa belajar bahasa jawa dikit-dikit. thanks. :)
    http://dailybloggerpro.blogspot.com/2013/10/8-secrets-blogger-siapkah-kamu-menjadi-seorang-blogger.html

    BalasHapus
    Balasan
    1. Iya, Sob, he he...bukan asli orang jawa kah?

      Hapus