Cari

Cerita Humor Jawa ; Luwih Seneng Nonton Dangdut

Kang Sun | 15.14.00 | 8 komentar




Lik Paijo : " Yen tak pikir2 kowe ki kok luwih seneng musik dangdut tinimbang musik liyane to, Kang? "
Kang Sun : " Kok ngerti? "
Lik Paijo  : " Buktine, sembarang ukoro sing mbok gawe, utowo pakaryan sing mbok kerjakke kabeh meh ono hubungane karo dangdut ...."
Kang Sun : " Iso men kowe kuwi lho, Lik...contone endi? "
Lik Paijo  : " Akeh ngono kok...contoh sing paling gampang, jare kowe nduweni blog sing jenenge Kang Sun's Blog, ..."
Kang Sun : " Iyo, lha terus...? ''
Lik Paijo  : " Wingi tau tak tilik'i, nyatane nek postinganmu kok yo akeh men lirik lagu dangdut, Biodata Artis Dangdut..."
Kang Sun : " He he..."
Lik Paijo  : " Terus kae sih ono meneh, blog sing isine video dangdut panggung, opo kae jenenge lali aku..."
Kang Sun : " Adventure Of Dangduts..? "
Lik Paijo  : " Lha yo kuwi..."
Kang Sun  : " Lha terus gene re, Lik ?"
Lik Paijo   : " Berarti ncen kowe ki seneng dangdut yo, Kang ? "
Kang Sun  : " Heemmm, piye yo...kanggoku ki dangdut kuwi musik sing inovatif tur meneh nyenengke :
Lik Paijo   : " Opo meneh kuwi inovatif?kok iso nyenengke nalare ketemu soko ngnedi kuwi mau? "
Kang Sun  : " Goro goro musik dangdut, saiki ono sing jenenge goyang ngebor, goyang patah - patah, goyang itik...sampeyan tau tumon  musik pop, rock, nemokke goyang, opo ora jenenge inovatif kuwi, Lik?
Lik Paijo   : " Ha ha ha...aneh aneh kowe, Kang ? "
Kang Sun  : " Ngerti lagu sing judule termiskin di dunia...." ?
Lik Paijo   : " Iyo ngerti, gene ? "
Kang Sun  : " Bayangno ae, Lik orang termiskin di dunia ae sih iso goyang , opo ora seneng iku jenenge?Sampeyan tau tumon Biil Gates, penemu Microsoft, orang terkaya di dunia kuwi goyang dangdut...Hamdan Att, jarene orang termiskin di dunia sih kober - kobere goyang..."
Lik Paijo   : " Ha ha ha....ngawur ae kowe ki, Kang ?''
Kang Sun   : " Terus ono meneh...ngerti lagu Mandul? "
Lik Paijo    : " Iyo ngerti, gene meneh ma? "
Kang Sun  : " Bayangno, sepuluh tahun berumah tangga, tapi belum juga dikaruniai putra, nek pas dilagukke ning panggung kok yo sih kober goyang, opo ora marakke seneng iku jenenge?
Lik Paijo   : Iyo yo, ha ha...ah mboh. Kang , kakean nonton stand up comedi kowe ki, Kang "
Kang Sun  : " Ha ha ha....refreshing, Lik...just kidding "

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

8 komentar:

  1. emang bener kang sun ini mestinya ikutan audisi stand Up komedi yang tayang di antv itu kan?...sapa tau bisa ng'gantiin peran pak SANGKUNI seorang raja di kisah Mahabharat itu tuh...pasti kang sun bakalan dapet standing aplusan deh...yakin sayah mah da.

    BalasHapus
    Balasan
    1. saya jadi bertanya-tanya, biasanya kan penggemar dangdut pasti suka lagu/film india.. nah apa benar Kang Sun juga penyuka film India?

      Hapus
    2. Suka juga sih, tapi aku lebih seneng nonton film box office, Mas....

      Hapus
    3. Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.

      Hapus
  2. jangan lupa polownya balikin lagi ya

    BalasHapus
    Balasan
    1. Ha ha ha...copas stand up komdi, wkkkk...okey dec siapppp follback!

      Hapus
    2. saya nggak minta balikin polbek.. saya minta balikin duit saja deh wuekekekekekek

      Hapus
    3. Emang berapa sih duitnya?, ha ha ha ha...

      Hapus