Cari

Cerita Humor Jawa : Gedhang Enom

Kang Sun | 08.40.00 | 3 komentar




Kang Sun : "Lik Paijo, sampeyan doyan gedhang opo ora ? "
Lik Paijo  : " Meh kabeh woh - wohan aku doyang, Kang ,,,apik kanggo kesehatan tubuh hare, Kang "
Kang Sun : " Koyok ngerti - ngertio...."
Lik Paijo  : " E...ngene - ngene yo tau mangan sekolahan lho..."
Kang Sun : " Ha ha ha....iyo iyo percoyo "
Lik Paijo  : " Ono opo re, Kang kok kowe takon gedhang barang ki ? "
Kang Sun : " Aku meh takon, gedhang opo yen diucapke jenenge unine mingkem ? "
Lik Paijo  : " Hemmm...opo yo...."
Kang Sun : " Ngerti po ra ? "
Lik Paijo  : " Sik sik...gedhang rojo ora, gedhang ratu yo ora...."
Kang Sun : " Yoo...sebutno kabeh sak mentri - mentrine, permaisuri, putra mahkota, ..."
Lik Paijo  : " Ha ha ha....kosik go "
Kang Sun : " Pilihi siji - siji ! "
Lik Paijo  : " Gedhang Ambon ora, gedhang Maluku, sumatra yo ora...."
Kang Sun : " Iyoo...propinsi sak indonesia sebutno kabeh, nak perlu sak dunia..."
Lik Paijo  : " He he he...ora ono ketone ki, Kang..."
Kang Sun : " Ono yo, Lik...kok ra percoyo ki lho "
Lik Paijo  : " Kuwi nk indonesia ono pora ? "
Kang Sun : " Ono, Lik..."
Lik Paijo  : " Mosok to, Kang ? "
Kang Sun : " Lha kok nak indonesia, wong aku dewe yo nduwe gedhange kok "
Lik Paijo  : " Ih...opo to jenenge gedhange ? "
Kang Sun : " Kasih tau nggak ya ? "
Lik Paijo  : " Wis lah mboh, ra ngerti aku..."
Kang Sun : " Jenenge gedhang yen diucapke unine mingkem kuwi jenenge gedhang ENOM "
Lik Paijo  : " Gedhang sing durung tuwo maksudmu, Kang ? "
Kang Sun : " Iyooooo, Lik..."
Lik Paijo  : " O semprul tenan bocah iki...."
Kang Sun : " Ha ha ha..."



Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

3 komentar: