Cari

Cerita Humor Jawa ; Kewan Mlayune Paling Banter

Kang Sun | 08.19.00 | 0 komentar




Kang Sun : " Lik, sampeyan ngerti tah ora?jebule ki ono kewan sing mlayune cepet banget.."
Lik Paijo  : " Wah,..nek kuwi pancen akeh tunggale, Kang!"
Kang Sun : " Akeh tunggale piye, njal sebutno!"
Lik Paijo  : " Asu mlayune yo banter, singo iyo, macan barang yo kebat mlayune,..."
Kang Sun : " Lho iki bedo, Lek iso mlayu banter ning kuat ngasi jam - jaman "
Lik Paijo  : " Mosok to, Kang? "
Kang Sun : " Sampeyan kok ra percoyo...asu, macan, singo paling banter mung itungan menit thok kuate, bar kuwi terus keselen "
Lik Paijo  : " Iyo ncene..."
Kang Sun : "  Tur meneh, leren ngombe mergo ngorong saking banter mlayune ora ping bola - bali "
Lik Paijo  : " Weh...hebat men to, Kang kewan kuwi "
Kang Sun : " Mulane iku akeh sing pengen nduweni "
Lik Paijo  : " Lho, emange ono sing nduwe po, Kang?
Kang Sun : " Ora mung trimo ono sing nduwe, nek sampeyan karep iso dituku, ono sing adol "
Lik Paijo  : " We alah, tenane, Kang ? "
Kang Sun : " Iyo, kari nari dhuwite sampeyan, Lik ? "
Lik Paijo  : Wah, mesthi larang yo, Kang? "
Kang Sun : Yo mesthine to, Lik ?
Lik Paijo  : Ngono yo,...ning jan - jane koyo opo to, Kang kewane ki ? "
Kang Sun : Rodo' lumayan akeh jenise, Lik sampeyan kari milih."
Lik Paijo  : " Contone? "
Kang Sun : " Sampeyan kari milih, seneng sing ngendi...Phanter, Zebra, Kijang, Jaguar, opo Kuda?
Lik Paijo  : "?????????"

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar