Cari

Cerita Humor Jawa ; Cacahe Aksara Jawa

Kang Sun | 11.20.00 | 0 komentar




Lik Paijo  : Kang, mbiyen kowe tau sekolah opo ora?
Kang Sun : Yo sekolah no, lha terus ngopo, Lik sampean ndadak takon ngono barang ki?
Lik Paijo  : Ono pelajarane Bahasa Daerah opo ora, Kang?
Kang Sun : Ono, pelajaran Bahasa Jawa...
Lik Paijo  : Saiki aku tak takon...tak nggo ngetes daya ingatmu!
Kang Sun : Wahhh...ngece ...!!!
Lik Paijo  : Iki mung kanggo mesthekke kowe ki bener - bener melu sekolah tenan opo ora.
Kang Sun : Iyo...kono, gih!
Lik Paijo  : Aksara Jawa iku cacahe ono piro, Kang?
Kang Sun : Cacahe ono 20, Lik...rak yo bener to?
Lik Paijo  : Iyo,bener...nek saumpomo aksara jawa iku dijupuk 9 kari piro?
Kang Sun : Ora sekolaho nk iso itung - itung mesthi njawabe kari 11 to, Lik!
Lik Paijo  : Wahhh...berarti kowe yo termasuk wong sing ora iso itung - itung, Kang.
Kang Sun : Lha kok iso?
Lik Paijo  : Kudune ki yo sih 18 ora 11...
Kang Sun : Nalar ko ngendi iku?
Lik Paijo  : Aksara Jawa iku cacahe 20, nek dijupuk aksara Sa lan Nga, rak yo kari 18 to, Kang?
Kang Sun : O alaaahhh....
Lik Paijo  : Iyo opo ora?
Kang Sun : Iki ki jan jane sing ra tau sekolah sopo to yo yo?
Lik Paijo  :  Lho malah...iyo opo iyo?
Kang Sun : Iyo iyo..ncene ngepasi pelajaran kuwi aku ra mangkat, dadine ora ngerti.
Lik Paijo  : Bhahahahahaha....!!!
Kang Sun : Semprul tenan...

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar