Cari

Cerita Humor Jawa ; Meteng Ora Karo Bojone

Kang Sun | 00.35.00 | 0 komentar




Lik Paijo  : " Aku ki lagi bingung yok, Kang "
Kang Sun : " Bingung  bab opo meneh, Lik sampeyan ki?
Lik Paijo  : " Dini - dino iki aku ki lagi ra usum duwit, Kang! "
Kang Sun : " Yo encene jamane lagi koyok ngene kok, Lik "
Lik Paijo  : " Jane karepku ki pengen lungo kota, golek duwit rodo' ombo ngono "
Kang Sun : " Lha mbok yo dipersiapke samubarange "
Lik Paijo  : " Nak mung mergo persiapan ngono iku ora pati tak pikir, Kang! "
Kang Sun : " Lha terus, opo ono sing luwih wigati soko iku to, Lik? "
Lik Paijo  : " Kowe rak yo ngerti dewe to, Kang bojoku iku rak lagi meteng to "
Kang Sun : " Iyo ngerti aku, lha wong yo bojone sampeyan ki yo meteng dewe ngono kok, rak yo ora karo sampeyan to, Lik? "
Lik Paijo  : " Hussss...nak ngomong mbok yo sing apik "
Kang Sun : " Apik piye to, Lik? "
Lik Paijo  : " Kowe berarti ndakwo bojoku tumindak sing ora - ora ngono? "
Kang Sun : " Ahh...sampeyan ki kok malah dadi salah paham "
Lik Paijo  : " Lha thek ora ki, mosok ngarani bojoku metenge ora karo aku "
Kang Sun : " Lho, rak yo ncene ngono to, Lik faktane? "
Lik Paijo  : " Hemm rak yo...malah tambah nylekitke kuping "
Kang Sun : " Mbok dipikir dhisik sak durunge ndakwo aku, Lik "
Lik Paijo  : " Wis jelas nak omonganmu iku ngawur, Kang! "
Kang Sun : " Sik sik aku tak takon..."
Lik Paijo   : " Takon opo meneh, wis jelas ngono iku "
Kang Sun  : " Bojone sampeyan jare meteng? "
Lik Paijo   : " Iyooo..."
Kang Sun  : " Lha sampeyan meteng opo ora? "
Lik Paijo   : " Malah tambah nggladrah kowe ki, Kang, wong lanang kok iso mbok takoni meteng opo ora "
Kang Sun : " Lho iku yo kudu dijawab kanggo mesthekke omonganku mau, Lik "
Lik Paijo  : " Ora, wong lanang kok meteng "
Kang Sun : " Bojone sampeyan meteng, sampeyan dewe ora meteng "
Lik Paijo  : " Lha terus ? "
Kang Sun : " Berarti yo bojone sampeyan meteng dewe, ora karo sampeyan to, Lik "
Lik Paijo  : " O Semprul tenan bocah iki,... "
Kang Sun : " Ha ha ha....."


Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar