Cari

Cerita Humor Jawa : Matamu

Kang Sun | 17.25.00 | 11 komentar




Lik Paijo  : " Kang, bocah - bocah saiki ki akeh sing ora nduwe toto kromo "
Kang Sun : " Lha kok iso, ketemu nalar soko ngendi, Lik ? "
Lik Pijo    : " Wingi aku rak mertamu menyang omahe Bu Wiwik..."
Kang Sun : " Iyo, terus... "
Lik Paijo   : " Sak durunge mlebu omah, aku wis uluk salam, kulonuwun "
Kang Sun  : " He eh, terus piye ? "
Lik Paijo   : " Sing bukakno lawang tibak'e dudu Bu Wiwik, ning anak'e sing sih cilik umur 7 taunan kae "
Kang Sun  : " Lha terus sing mbok arani bocah saiki ora nduwe toto kromo sing ngendi, Lik ? "
Lik Paijo   : " Yo kuwi mau bocah sing bukakno lawang, tak takoni ngene " Ibu ono, Dik? ", ee...malah diwangsuli MATAMU, terus bocahe langsung njranthal mlebu ngomah "
Kang Sun  : " Ha ha ha...."
Lik Paijo   : " Lha kok malah mbok guyu to, Kang ? "
Kang Sun  : " Sampeyan iku sing ora gaul, malah ngarani bocah ora duwe toto kromo, bocah iku ora misuhi sampeyan, Lik, ning ngundang ibune " Ma, tamu ", ngono... "
Lik Pijo     : " Ooooooo...."

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

11 komentar:

  1. memang lik paijo ngertinya cuma simbok, biyung, dan emak doank... jadi gak menangi jamannya mama, hahaha ^_^
    gak ngerti bahasa "ma, tamu",,, tapi ngertinya "mbok, dayoh", hohoho :)
    cerita yg sangat menghibur ^_^

    BalasHapus
    Balasan
    1. Sebenarnya Lik Paijo juga ngerti kok, Mbak, tapi dalam label Obrolan Jawa ini ia aku suruh pura2 nggak ngerti, biar jadi cerita humor gitu, ha ha ha....

      Hapus
  2. saya ikut nyimak saja deh mas...agak kurang ngerti hehehe

    BalasHapus
  3. info yang bagus sob

    di tunggu kunjungan baliknya/
    follownya :D

    BalasHapus
  4. wakakakakakak, sampean onok ae mas gae cerita, sampai cekakan dewek aq mocone, wakakakakakakak, dadi eling konco nang suroboyo mas :(

    BalasHapus
    Balasan
    1. He he,,,,opo yo konco nak Suroboyo jenenge yo Lik Paijo to, Mas?

      Hapus
    2. Hahahahaha, saiki dorong onok mas seng jenenge Lik Paijo...

      Hapus
  5. di translate dong kang sun biar saya bisa ikutan ketawa baca humornya

    BalasHapus