Cari

Cerita Humor Jawa ; Prawan Saiki Ora Gelem Mbojo

Kang Sun | 09.44.00 | 0 komentar




Lik Paijo  : Kang, kowe ki tekan seprene kok durung rabi - rabi ki kepriye nalarae?
Kang Sun : Soale prawan - prawan saiki ki ora podho koyok prawan jaman mbiyen, Lik!
Lik Paijo  : Yo mesthi ora podho no, wong kembaro yo tetep ono bedane, ora podho, Kang.
Kang Sun : Ora ngono kuwi tegese.
Lik Paijo  : Lho...lha piye to karepmu ki?
Kang Sun : Ketone prawan - prawan saiki ki podho ora gelem mbojo, Lik.
Lik Paijo  : Jarene sopo....?
Kang Sun : E alah...ning nyatane yo tenan lho, Lik.
Lik Paijo  : Kuwi rak kandhamu
Kang Sun : Lho piye to sampean ki,Lik....iki ki fakta yo,Lik!
Lik Paijo  : Fakta opo opinimu?
Kang Sun : Aku wis survei, Lik marang prawan - prawan saiki.
Lik Paijo  : Survei kepriye sing mbok karepke?
Kang Sun : Aku wis wira - wiri, mrona - mrono, ono prawan tak cedhak'i, terus tak tari tak tembung, nanging kok yo memnggah ora ono sing gelem dadi bojoku.
Lik Paijo  : Ha...ha...ha...ha...!!!

Category:

Chanel You Tube Kang Sun Bawang:
Chanel You Tube Kang Sun Bawang merupakan video berbagi pengalaman seputar pertanian bawang merah.You can find about Red Onion here!https://www.youtube.com/channel/UCr9E0mg9W_7gg8jLV2lQFLg

0 komentar